Ndaptarna Priksan nang Puskesmas

Wingi nyong diprentah ramane kon njujugna lilike, sing nang tangga dusun nang Toyareka, ming Puskesmas, merga sikile abuh kecocog keong wis pirang-pirang ndina sedurunge, jere rasane kremod-kremod ngasi ora teyeng turu.

Dweke duwe kertu KIS. Gutul Puskesmas lilike tek kon nang mobil baen ndisit trus nyong sing ndaptarna. Pas nang pendaftaran kertu KISe tek wehna ming mba-mba sing daptari.

Nang mba-mba sing enom tur ireng manis nyong detakoni semending soal keluhane, nyong esih bisa njawablah, wong lilike sempet crita.. lhaa giliran ditakoni alamate lilike, RT/RWne pira, apa maning ditakoni umure lilike pira, mak deg, ya ora teyeng njawablah, mbokan si mending detakoni kapan rep nemoni wongtuwane mbae.. 🤭😁

Sing tek gumuni, wong kertune ya nang mbae dicekel.. nang kertune ya ana informasine kabeh sing dibutuhkan soal identitas e, koh enggane nyong esih ditakoni…?
Apa mbae modus yaa??!🤔🤭

#OraNgapakOraKepenak

Tags: No tags

Leave A Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *